Demo Blog

Atur Pambagyaharjo Temanten

by belajar-agung on Nov.22, 2009, under

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung semawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuha Sagung Dumadi”, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjengan sadaya hangluberana dhumateng kawula.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kul piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp…………………sekalihan.
Penjenganipun Bp………..sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp…………..sekalihan, ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjengan, sumarambah para kaluwarga samudayanipun.
Jangkep kaping kalih: ing nguni sampun wonten parembagan, ing antawisipun Bp…………….sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg…………..kaliyan Bp………………sekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi Kenya siwi sesilih Rr. ………………...Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawahsonten, ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedyo nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah penjenenganipun Bp………………sekalihan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan puniko ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ……….. sekalihan garwa inggih punika;
Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saenga mboten saged pisah salami-laminipun.
Kasoking katresnan Bp…………sekalihan dhumateng Bp………………sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud………………, ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon penganten putri
Mboten kekilapan Bp………………………..sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp…………sekalihan garwa (ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika , panyuwunipun Bp……………..sekalihan, ing mbenjang manawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. …………sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp………………..sekalihan, manawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami.

Akhirul kalam, billahi taifik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

TULADHA PANAMPI PASRAH LAMARAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Dhumateng panjenenganipun Bp…………………(ingkang pasrah) ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp……………sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparengipun Bp……………sarimbit garwa (ingkang mengku gati), kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenganipun Bp…………..sekalihan, lumantar panjenenganipun Bp……………….(ingkang pasrah).
Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah penjengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp………………….sekalihan (ingkang mengku gati). Mboten kekilapan panjenenganipun Bp………………sekalihan, naming ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparengipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratanda yektikasoking katresnan dhumateng Bp…………….sekalihan (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana raketing kadangan , sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Among semanten panampi saking Bp…………sekalihan (ingkang mengku gati) lumantar kula, katuri uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bp……………………sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih manawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kula pinangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak ganyuking wicara, cawuh kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata karma, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.

Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

TULADHA ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTEN

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipin para sarjana sujaneng budi, para priagung pangemban pangembating praja, para satriyaning negari, minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang, mitra, wredha mudha ingkang pantes sinudarsana, sumrambahing dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pakaksama, mugi pinarengna kawula hambuka wiwaraning suaka, wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hangempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun Bapa/Ibu ……………..(ingkang hamengku gati), kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang/ dalu kalenggahan punika. Inggih kabekta saking mongkoking manah saha karoban ing sih panjenengan sami, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih manawi boten saged kawiyosing lathi, naming kandheg wonten ing jangga, mila lajeng anyaraya dhumateng kawula.
Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, supados purwa madya wasana tansah manggih rahayu kali sing rubeda nir ing sambekala, keparenga langkung rumiyin kawula ndherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan panjengan sedaya, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu …………….., anggenipun angrakit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing siyang/dalu kalenggahan punika, panjenganipun, Bapa/Ibu …………………..ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Wondene menggah wigatosing gati panjenganipun Bapa/Ibu ………………hangaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka wara), bilih panjenganipun Bapa/Ibu …………………, hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenye putrinipun ingkang sesilih Rara ……………………., jinatukrama/dhaup kaliyan Bagus ……………….., putra kakungipun Bapa/Ibu …………………., ingkang pidalem ing……………Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah ing ngriki, kanthi wilujeng kali sing rubeda nir ing sambekala. Ingkang punka panjenenganipun Bapa/Ibu …….., mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa panjenengan sami, mugi wonteno suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumateng penganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut, mangih bagya mulya ingkang sinedya, rahayuning ingkang tinemu, basuki ingkang kaesti, enggal kaparingan pituwasing patembahan, momong putra, kanthi prejanjen Brayat Rinancang.
Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman, ingkang punik panjenenganipun Bapa/Ibu…………….. ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.
Minangka puputing atur, manawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang boten saged anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wnuh, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami.
Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kawula matur, wonten tuna dungkaping atur, tutur kelantur-lantur, saha wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tatakrama, jenang sela wedar pari sasondheran, apuranta menawi lepat atur kawula.

Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

TULADHA ATURIPUN PANATACARA
BADHE UPACARA PASRAH TEMANTEN

Wus samekta ing gati, nun inggih sri atmaja temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajengipun wiwara pawiwahan, kepareng badhe hanetepi upacara pasrah. Cucuking cundaka ingkang dipun sarirani panjenganipun Bapa ……………………miwah pengapiting putra temanten kakung, panjenganipun Bapa……………saha Bapa………………, kados sampun sumekta, kepareng badhe masrahaken rising pinanganten kakung dhumateng ngarsanipun Bapa/Ibu (ingkang mengku gati) ingkang kalenggahan mangke badhe dipun sarirani panjenganipun Bapa…………Wondene ingkang kepareng hanjajari panjenganipun Bapa……………………, saha Bapa…………………………, ing salajengipun dhumateng penjenganipun para-para ingkang piniji sasana saha swasana kawula sumnggakaken, sumangga, nuwun.


TULADHA ATURIPUN PANATACARA
BADHE HANAMPI PASRAH TEMANTEN

Satuhu tatas, titis, wijang gambling, cetha trewaca, tumata datan tumpang suh, aur pangandikaipun rising cundaka hamasrahaken putra pinanganten kakung. Salajengipun Bapa………(ingkang nampi) minangka talanging bas Bapa/ibu……………(ingkang mengku gati), kepareng badhe hanampi sang pindha narendra. Ing wasana, sasana saha suwasanakawulasumanggakaken, sumangga, nuwun.

TULADHA ATURIPUN PANATACARA
BADHE PARIPURNANING GATI

Wahyaning mangsa kala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara, purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kaluwangsa, kanthi wilujeng kali sing rubeda nir ing sambelaka
Minangka pratandha paripurnaning adicara, kasuwun panjenenganipun Bapa/Ibu…………………, kaparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit, tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu anguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi ekaten pratandha pawiwahan prasaja ing siyang/dalu punika sampun paripurna, sinarthan sesanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayu ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit sinawang yayah gelayongan lampahe (Binayung Ladrang Gleyong, laras pelog pathet 6)


TULADHA ATUR PANUTUP PANATACARA
WONTEN ING PAWIWAHAN TEMANTEN

Sampun paripurna pahargyan prasaja ing siyang/dalu punika, lumantar pangendhaliwara sepindhah malih panjenenganipun BApa/Ibu…………….., ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampimenggah karawuhan panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantuingkang hamengku gati, nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
Semanten ugi, kula minangka pangendhaliwara, hambok bilih wonten gonyak ganyuking wicara, cawuh kliruning basa, kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata karma, jenang sela wader pari sesondheran, apurantha menawi lepat atur kawula. Sepindhah malih tahu kecap Purwasari, menawi wonten keladuking patrap lan pangucap nyuwun pangaksami,
Maturnuwun, mboten langkung kawula handherekaken sugeng kondur, mugi wilujeng dumugi ing ndalem
Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb




Read More...

more...

Looking for something?

Use the form below to search the site:

Still not finding what you're looking for? Drop a comment on a post or contact us so we can take care of it!